Kacihna majune teknologi komunikasi lan informasi nuwuhake budaya
anyar lan nggawe ”rusake” kabudayan Jawa, ananging wong Jawa tetep
ngugemi landhesan urip kang gegayutan kalawan anane titah ora kasat
mata.
Landhesan urip kang isih ngugemi anane titah ora kasat mata iki raket
gandheng cenenge kalawan kepriye sejatine wong Jawa urip ing donya.
Lire, kapercayane wong Jawa ing babagan urip lang panguripan ora bisa
uwal saka perangan jagad cilik (mikrokosmos) lan jagad gedhe
(makrokosmos), keplase uga gegayutan kalawan alam kasat mata lan alam
datan kasat mata. Salah sijine kapercayan kang dikarepake yaiku wong
Jawa, mligine kang urip ing tlatah Yogyakarta lan Solo, nganggep lan
yakin yen samodra kidul iku awujud karaton kang dikuwasani dening
Kangjeng Ratu Kidul. Tumrap wong Jawa kaprah, lire ora duwe pangerten
jero





